Selingan



Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."

Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".

"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.

"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."



Rasa Stroberi Tah?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga.  Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek,

"Isine kembang yo....". 

"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.

Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang.  Ambek bu gurune kadone
dikocok-kocok.  Wah iki rodok angel mbedheke, pikire. 

"Isine permen yo...". 

"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.

Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim.  Pas kadone diangkat, dhadhak netes.  Ambek bu gurune tetesane diincipi. 

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.

"Salah..." jare areke.

"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.

"Salah .." jare areke.

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku"  takok bu gurune.

"Isinya anak kucing kok bu guru..." 


Ngentutan


Yuk Jah lungo perikso nang dokter.



"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.



Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.



Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. 


Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.  Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. 

Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".

"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki.  Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.

Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.

"Wis enakan tah ?" takok doktere.

"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. 

Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.

"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh.  Saiki tebusen resep iki yo" jare doktere.

"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.

"Obat kopok.." 



Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat. Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.

"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.

"Wah iyo tepak iki.  Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?" jare Joko.

"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah ?" Uwar mulai gunggungan.

Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.

Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.

"Yok opo kon War..?" jare Joko

"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.

"Awakku yo sueger pisan.  Kon gak teler tah ?" jare Joko.

"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak.  Mene nyobak maneh tah ?" jare Uwar.

"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko.

"Dhurung.." jare Uwar.

"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak
kuatmu. ." jare Joko.

"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.

"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.." 



Ngumbah Kucing


Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.



"Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?" takok Bunali.



"Aku katene ngumbah kucing" jare Wonokairun.



"Gak salah tah Mbah." Bunali bingung.

"Iyo soale kucingku akeh tumane." Jare Wonokairun.

"Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah" Bunali ngilingno.

"Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo"  jare Wonokairun.

Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.

Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.

"Yok opo kucing sampeyan Mbah ?" takok Bunali.

"Kucingku mati " jare Wonokairun.

Lho lak temen tah.  Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo.  Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo" jare Bunali nyeneni.

"Kucingku mati gak mergo rinso" jare Wonokairun njelasno.

"Opoko lho ??" Bunali gak sabar.

"Tak peres . . . ."



Mini Market

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.

"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu. Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.

"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.

"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali.

"Iki isine dhudhuk ulo.  Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno.  Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.

Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel.  Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke.  Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.

Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."

"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ". 



Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.

"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali.

"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.

"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulai bingung.

"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak.  Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun.

"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah.  Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung.

"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.

"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.

"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."



Mo Limo

Mergo konangan nyopet ndhik pasar gebyok, Togog terus dilebokno penjara. Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh tatone. Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan sak panunggalane. Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara. Pas wayahe antri mangan, Togog mulai oleh konco.

"Awakmu wong anyar yo ?" jare konco anyar iku.

"Iyo . . ." jare Togog.

"Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung, klambi dijatah, turu gak mbayar.
Opo maneh ndhik penjara iki awakmu isok nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu." jare koncone Togog.

"Lho cik enake.  Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.

"Bengi iki malem Senen, acarane maling.  Kabeh Napi ndhik kene saling copet-copetan.  Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.
Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan.  Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?" jare Togog.

"Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara. Lha malem Rebone iku acarane minum.  Biasane arek anyar koyok awakmu dikongkon ngentekno bir limang botol", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku" jare Togog.

"Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat.  Pokoke sembarang onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu", jare koncone Togog.

"Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu.  Tapi lek kecekel polisi yok opo ?", jare Togog.

"Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara.  Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh.  Wis tah, pokoke aman." jare koncone Togog.

"Wah sip lek ngono.  Lha malem Jum'at acarane opo ? jare Togog.

"Awakmu homo tah dhudhuk ?" takon koncone Togog.

"Ngawur ae, aku iki normal rek !!! " jare Togog.

"Wah berat iki cak ", jare koncone Togog.

"Lho opoko masalae ? " takon Togog.

"Soale malem Jum'at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane madhon.  Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ".


Umur

Wonokairun lagi ngobrol soal umur ambek koncone sing podho kewute. 
Wak So sing umure 60 taun mulai cerito, 

"Paling gak uenak iku lek wis umur sewidhak. Ben obah sithik kebelet pipis, tapi bareng wis nang jedhing sampek sepuluh menit gak metu blas, mek anyang-anyangen thok." 

Wak Nyo sing umure 70 taun gak gelem kalah, 

"Lho durung weruh kon yo, paling gak uenak yo lek umur pitung puluh. Mangane kudhu bubur bayi maneh. Mari ngono, ben arep longgo mesti mules kebelet setor, tapi bareng wis ndhodhok sampek sepuluh menit gak metu blas, mek kepentut bolak-balik" 

Akhire Wonokairun, sing umure 80 taun, melok ngomong,

"Wok kemalan kabeh, sing paling gak weunak yo umur 80 koyok aku ngene". 

Wak So takok,"Lho peno yo anyang-anyanen koyok aku ngene yo ?". 

"Yo gak se, aku tetep isok pipis lancar ben isuk jam 6." jare Wonokairun bangga. 

Wak Nyo genti takok,"Sampeyan mesti ngalami mules kepentut-pentut koyok aku yo ?"

 "Sori Rek, aku tetep isok setor lancar ben isuk jam setengah pitu." jare Wonokairun bangga.

Wak So ambek Wak Nyo malih bingung lan penasaran,

"Sik tah lah, peno sik isok pipis lancar ben jam 6 isuk, terus peno sik isok setor lancar ben jam setengah pitu isuk. Lha terus opo sing nggarakno gak uenak lek wis umur 80 ?"

 "Masalae mek sithok, aku sering kerinan, tangiku mesti jam pitu isuk...



Wedhus

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus. 
"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali 
"Yo lumayan " jare si Mbah 
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh 
"Sing putih opo sing ireng ?" 
"Sing putih, wis" 
"Selawe"' 
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket 
Bunali takon maneh. "Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.." 
"Yo.." 
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?" 
'Sing ireng, wis' 
"Yo kiro-kiro limang kiloan" 
"Lha sing putih?" 
"Podho . . ." 
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae. 
"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku wedusku..."
"Lha sing ireng ?" 
"Podho . . ."


Lawang Wesi

Wak So lagek pertama kali iki nglencer nang TP ambek anak bojone. Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndhelok sembarang kalir sing onok nang TP. Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krum-kruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muning mak tiing ! . . . "Bes, opo iku jenenge . . ." takok Togog anake Wak So pas ndhelok lawang wesi iku. "Aku yo gak weruh pisan nak . . .sak umur-umur lagek pisan iki onok lawang wesi koyok ngene." jare Wak So. 
Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku ngematno ambek ndomblong. Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Wak So mencet tombol lawang wesi iku mau. Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedhok tuwek iku mau mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh. 
Mari muni ting ! . . ., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek papat mendeg. Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg. Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe. 
Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku. Mari mikir dhiluk, Wak So mbengok nang anake, "Le !. . Ndhang cepetan Makmu lebokno kono . ." 

0 comments:

Post a Comment